Selasa, 02 Desember 2008

keduwung

ibu,
saiba keduwunging manah amba,
menawi èngèt sepinten agenging sih katresnaning ibu,
langkung-langkung nalikanipun ibu,
godras ludira, adusing riwé, lumebet ing prang sabil,
kanggé anglairaken jabang bayi,
kawula dasih,
dhuh ibu,
ingkang agenging sih wilasa,
kanthi ngrerepèh ing padaning ibu,
kawula nyuwun genging pangaksama,
margi kula mboten saged,
bekti ing ibu,
kula mboten saged angladosi ibu,
nalikaning ibu nandhang gerah amargi yuswa sepuh,
lan nalikaning ibu pasrah sumarah,
ing ngarsaning Hyang Allah,
kanthi sinartan nyuwun sih palimirmaninng Allah,
kinanthèn pangajab, kaapuntena sadaya dosa lan lepat,
ibu,
kawula ngrumaosi kebak ing dosa,
jer mboten saged males agenging budi ibu,
kejawi namung kepareng matur,
matur nuwun ibu,
awit genging asih dalem ibu dhateng kawula,
matur nuwun ibu,
kawula keduwung trusing manah,
kawula prajanj
èng ing manah,
mboten badhé nyupekaken ibu,
amargi ibu satuhu luhuring budi,
ingkang tansah pantes kinabekt
èn,
ibu kawula keduwung trusing manah.


bumi ngayogyakarta,
nalika nenggani ibu gerah,
awal desember 2008.

Rabu, 05 November 2008

ibu Marganingsih

ndhuk,
percayaa marang kang kagungan urip iki,
panandhangmu durung sepiroa,
lara kang mbok sandhang iki,
mujudake pepeling tumraping diri,
lan kabeh mau bakal kabengkas,
dening kuwasaning Hyang Widi kang akarya gesang,
lumantar Putra kang wis kinorbanake,
tumrap uriping kawula dasih,
jer piyambake Sang Juru Sembuh sejati,
kang bakal marekake kabeh panandhang,
percayaa ndhuk lan nyenyuwuna,
lumantar Ibu kang ambeg welas asih,
kang wus kersa dadi lumantaring panyuwunan tiyang papa,
ya ibu, ibu Marganingsih.


pantirapih, 6 Nop 08

Kamis, 09 Oktober 2008

donga

donga

anakku,
biyung ngerti bot repoting uripmu,
apa maneh kowe urip neng kutha gedhe,
sing keras, malah kepara kejem,
sing kudu wani nggetih kanggo ngupaya boga,
mbanting tenaga meres kringet,
ananging thole anakku,
aja pupus ing pangarep-arep
jer Pangran maha adil lan maha murah,
biyung uga ora nate lali,
tansah ndedonga marang Gusti,
amrih tentreming uripmu,
mula thole,
aja lali marang Pangraning dumadi,
sumujuda lan manembaha trus,
dongaku kinanthen ati tulus,
kanggomu thole,
saiki trus ing salaminya.

bumi Ngayogyakarta,
surya kaping 1 oktober2008.

Selasa, 16 September 2008

kaparingana gesang jati

kaparingana gesang jati.

atiku nlangsa nalikane,
aku meruhi kahanan sing marahi ati nggrantes,
geneya dulurku ndadak antri suk-sukan,
kanggo mburu duwit telungpuluh ewu,
apa ora ana cara liya,
kanggo priyagung sing brewu banda kadonyan,
anggone paweh marang kang lagi nandhang kesrakat,
kang tundhone nganti ngorbanake uripe,
duwit ora kecekel,
malah pati sing tinemu,
Gusti paringana kabegjan jati tumrap sedherek kawula,
ingkang nandhang miskin lan kacingkrangan,
ingkang dados korban nalikanipun sami antri,
lan ingapuntena dosanipun sedherek wau,
mbok bilih punika margi ingkang sae kanggenipun sedherek-sedherek punika,
amrih enggal pinaringan pangentheng-entheng tumrap gesangipun,
nalika gesang kagubel ing panandhang,
lan sakpunika sampun pinaringan pepadhang,
saking panjenganipun Gusti kang akarya gesang.


yogya, 160908

Senin, 08 September 2008

banyu bening.

banyu bening

beninge banyu punika,
ngelingaken dhateng esem Paduka,
ingkang saged adamel tetreming manah,

ingkang anjalari gesang punika tambah nengsemaken,
banyu bening,
toya wening,
tansah adamel weninging manah,
manah amba dados sumeleh lan pasrah,
dhumateng Gusti Pangeran Gung kang akarya gesang,

kanthi sumujud lan manembah mring Gustiku,

aku tansah bakal ngupaya banyu bening,
kanthi andon laku nepi ing sepi,
dheku-dheku lan tumungkul nyenyadhang,
ing sangareping Tyas Dalem,
marga ya kanthi laku iku kabeh bakal kelakon,

Gusti, keparenga kula ngrerepeh ing pada Dalem,

ngupados toya bening,
toya sejati toya perwita sari,
toya kacampuran rah ingkang mili saking jaja Paduka,
jaja tinumbak ngantos Paduka palastra,
kangge gesang lan keslameting umat Dalem,
matur nuwun dhuh Pangran,
awit toya bening ingkang damel weninging manah amba.


Ganjuran, Bantul,
tengah wengi ing wulan September

Selasa, 02 September 2008

geguritan (kangen)

kangen

nalika aku ngronce geguritan iki,
atiku lagi goreh merga kangen sliramu,
sing wis rong tahun ra ana kabare,
jarene sliramu pamit mung sadhela,
ning geneya,
tekan wanci iki ra ana kabare,
aku kangen sliramu,
marang praupanmu sing tansah sumringah,
esemmu sing ngundang birahi,
lan guyumu sing renyah,
beja aku sing isih isa ngendhaleni,
hawa nafsu sing nggoda ati,
ora tumiba ing laku nistha,
kang nerak angger-angger ing agama,
aku kangen sliramu,
apa sliramu ra rumangsa yen tak tunggu,
aku tetep setia marang janji suci.


Ngayogya, 3 September 2008

Kamis, 28 Agustus 2008

geguritan (ojo dumeh)

ojo dumeh

ndhuk,
ojo dumeh rupayu ayu,
trus kemayu ora gelem nyandhak sapu,
merga rumangsa iku gawean ora pantes lan nistha,
ndhuk,
panganggepmu iku kleru,
ojo dumeh,
merga kowe dhuwur sekolahe,
banjur lali marang asale,
kowe iku anake wong ra nduwe,
nanging merga bapak mbokmu temen,
mula sanajan kudu meres kringet lan luh,
mbudidaya dimen kowe pinter,
lubih becik nasibmu tembe mburi,
bisa kanggo sanguningn urip saklawase,
lan uga kanggo ngabdi sesami,
nanging geneya ndhuk,
saiki kowe malah keblinger,
merga wis rumangsa paling pinter,
njur lali saka endi asal usulmu,
aja ndhuk,
kowe iku tetep anake bapak mbokmu,
sing lugu lan mituhu marang Pangran,
pisan meneh ndhuk pelingku,
ojo dumeh,
balia lan elinga marang asalmu, sing sarwa prasaja,
mituhu lan satuhu marang Pangran Gung.


bumi Ngayogyakarta,
29 Agustus 2008

Senin, 25 Agustus 2008

sing salah seleh (geguritan)

sing salah seleh

geneya pada regejegan,
kaya asu rebut balung tanpa isi,
tundhone padha getun,
pasulayan sing diundhuh,
dredah lan susah,
geneya padha ra gelem wawan rembug,
sing bisa njalari rukun siji lan sijine,
nanging malah padha padudon,
ora ana sing gelem ngalah,
lan uga ora ana sing rumangsa salah,
mangka yen padha gelem,
ngenggoni jejering titah sawantah,
kabeh manungsa mesthi kanggongan salah,
geneya padha regejegan,
elinga warang wewarah para winasis
sing sapa salah mesthi bakal seleh,
mula welingku, aja padha regejegan.


bumi Ngayogyakarta,
26 Agustus 2008.

Kamis, 21 Agustus 2008

geguritan (sekar mawar)

sekar mawar

sekar mawar ganda arum,
kinanthi reroncen donga prasaja iki,
wujudake tandha sungkem lan bektiku,
marang bapa ku kang wis sumare,
kepareng sowan ing ngayunaning Pangran,
donga minangka pangiring,
lan reroncen tesbeh ing tanganku,
gawe neng...ning..lan nung...atiku,
kaya-kaya Gusti lenggah nenggani aku,
lan bapa ku kang wus swargi ginandheng ing Gusti,
kanthi asih ngrangkul pundhakku,
mak nyes atiku ,
ing ngareping watu nisan sing bisu iki,
lan binarung aruming ganda sekar mawar,
aku dheku-dheku sumujud marang Gustiku,
nyenyuwun muga bapa ku tansah pinaringan,
gesang lan kabegjan langgeng,
sekar mawar ganda arum iki,
muga bisa gawe aruming laku lan urip sejati,
sekar mawar ganda arum iki,
minangka bukti tandha setya,
lan uga atur panuwun,
awit aku wis kepareng nampi kanugrahan sih,
lumantar swargi bapa ku lan uga leluhurku,
kang wus kepareng nampi kenugrahaning Pangran,
urip sejati ing salaminya.

bumi Ngayogyakarta
mangsa nyadran tahun 2008.

Senin, 18 Agustus 2008

geguritan ( elinga ndhuk...)


elinga ndhuk...


ndhuk,

geneya praupanmu suntrut,
sajak ana panandhang,
tak sawang atimu goreh,
ora jenjem,
sajak ana samubarang lir,
sing njalari urip ora tentrem,
apa sing nggubel atimu,
kang njalari uripmu kebak panandhang,
ndhuk,
coba sareh sedhela,
nyenyuwunna marang sing kuasa,
kang akarja urip,
kang bisa njalari padhaning budi,
sing lagi nandhang ruwet renteging bebrayan,
ndhuk,
elinga marang kang murbeng gesang,
mesthi bakal diparingi apa sing dadi panyuwunmu,
aja pisan-pisan nglokro,
nanging balik sumaraha marang pangeran gung,
pangeran papan pangungsen lan pasambat kita.

bumi Ngayogyakarta,
18 Agustus 2008.

Rabu, 13 Agustus 2008

geguritan (merdika???)

merdika???

pitakonku iki mula rada nyleneh,
jarene wis sewidak telu tahun bangsaku iki merdika,
nanging geneya isih ana panandhang,
sing nggubel uriping bangsaku,
isih akeh sing durung mentas saka wuta aksara,
malah kepara akeh sing ora ngambah pawiyatan,
merga ora ngerti mengkone arep dadi apa,
nadyan wis klakon lulus dadi sarjana,
langka bisane makarya,
yen ora nganggo sim salabim,
mula akeh sing nglokro,
pitakonku,
apa iya iki wis merdika?
apa iya kita ora jinajah?
dening pikiran-pikiran sing tumuju marang,
barang kahartan lan kadonyan,
nganti lali marang jatining urip,
iki wujud yen kita tansah jinajah,
pitakonku mula nyleneh,
kepara malah dianggep ora lumrah,
apa iya wis merdika?
apa iya?

bumi Ngayogyakarta,
15 Agustsus 2008.

Senin, 11 Agustus 2008

geguritan (bubrah)

bubrah


ing wayah ratri iki,
atiku bingung nemoni kahanan,
sing tambah bubrah,
bubrah,
merga kabeh mung nggugu karepe dhewe,
kabeh rumangsa bener,
ora gelem ngakoni salah,
kabeh kepengin menang,
kamangka,
ing samubarang kalir,
mesthi ana sing salah, uga ana sing bener,
ana sing menang lan uga ana sing kalah,
ning nyatane ora ngono,
saben pawongan rumangsa,
nek mung dheweke lan golongane sing bener lan kudu menang,
wong liya mesthi salah lan kudu ngalah,
tundhone, pasrawungan agung dadi bubrah,
ngendi-endi padha sulaya lan crah,
bubrah,
peraboting negara njaluk diajeni,
nadyan salah lan ora pantes kinajenan,
malah kepara lakune nistha lan sembrana,
uga mung ngugung kebutuhane dhewe,
mula ora pantes,
bubrah, mula bubrah.


bumi Ngayogyakarta,
12 Agustus 2008.

dalam bahasa Indonesia kira-kira demikian(mohon maaf, tidak bisa tepat dan akurat):

rusak
di malam yang sunyi ini,
hatiku bingung melihat kondisi,
yang semakin rusak,
rusak,
karena semua orang hanya menuruti keinginan diri sendiri
semua merasa benar,
dan tak mau mengakui kesalahannya,
semua ingin menang,
pada hal,
dalam segala hal/ bidang,
pasti ada yang salah dan yang benar,
ada yang menang dan ada yang kalah,
tapi kenyataannya tidak lah demikian,
karena semua orang merasa,
bahwa hanya dia dan golongannya yang benar dan harus menang,
orang lain salah dan harus mengalah,
akhirnya kehidupan berbangsa dan bernegara menjadi rusak,
dimana-mana terjadi perselisihan dan pertengkaran,
rusak,
para pejabat negara minta dihormati,
walau salah dan tak pantas dihormati,
bahkan sikap dan perilakunya tak layak,
hanya menuruti kemauan sendiri,
maka tak pantaslah,
rusak,
memang rusak.

Minggu, 10 Agustus 2008

geguritan (urip anyar)
















urip anyar

ndhuk, saiki wis ana owah-owahan jaman,
jaman sing bisa gawe sakabehing titah,

ora nggubris marang tataning bebrayan agung,

akeh titah sing ora keconggah,

ngadhepi kahanan sing sarwa gumebyar,

gawe lali marang ancasing bebrayan,
malah pada dredah, rebutan bandha, pangkat lan derajat,
direwangi ngumbar isin lan wirang,
kepara malah nyebur ing laku nistha,

nanging ndhuk,
welingku marang sliramu,
aja pati-pati kentir ing owah-owahan mau,

urip kudu tetep manut paugeraninng negara,

lan uga angger-anggering agama,
urip mula kudu tambah maju,
nanging aja ninggalake angger lan uger,
jer kuwi sing bisa nuntun sliramu marang tujuaning urip sejati,
mula urip kudu anyar,
adhedhasar sabda anyar,

sing bisa gawe tentreming bebrayan,

saiki lan ing saklawase.

bumi Ngayogyakarta, 10 Agustus 2008
kado istimewa kanggo mbarepku sing lagi tanggap warsa.
(iki gambarmu nalikane sliramu isih cilik ndhuk)

Sabtu, 09 Agustus 2008

geguritan (atimu atos kaya watu)

atimu atos kaya watu.

nalikane semana,
aku rak wis tau kandha,
aja waton srawung,
merga sesrawungan mono,
kudu bisa pilah,
antarane sing migunani ing urip,
apa malah dadi sandhungane urip,
ana sing asipat peteng,
lan tembe dadi tumiba ing papa cintraka,
nanging uga ana sing gawe padhaning ngaurip,
lan uga marakake pesrawungan tambah sanak,
kang tembe bisa njalari enak kepenak,
mula elinga kandhaku,
yen sliramu kudu ngati-ati,
aja grusa-grusu,
kabeh kudu ditimbang kanthi ati wening,
aku rak wis nate kandha,
ning kandhaku ora mbok rewes,
temahan uripmu dadi sangsara,
mala tumiba ing bab kang nistha,
nalikane aku kandha,
sliramu mula ora nggape,
geneya atimu dadi atos kaya watu,
ora bisa nampa celathu,
saka sedulur sing ngeman uripmu,
aku rak wis nate kandha ta.


bumi Ngayogyakarta,
malem minggu 9 Agustus 2008.

Kamis, 07 Agustus 2008

ning..neng...nung

ning...neng....nung.

ning.....
wengi iki nalikane sepi nyenyet,
tan ana walang ngalisik,
atiku ngulandara nggolek wening,
sing ana mung semilire angin wengi,
kepara malah nambah swasana sepi pi,
aku nyoba meneng,
neng,
kanthi pangajab, bisoa aku mbuka ati,
kanggo wisik sing bisa ngudhari ruwet renteging urip,
sapa ngerti Gusti paring,
nung,
ati kang dumunung marang dalaning ngaurip,
sing padha diuri sok sapaa titah tumitah,
nung,
dununging urip, kang salaras karo karsaning Allah,
urip kang migunani tumrap pepadha,
ning...neng....nung...
ya ing wengi iki tansah dak udi,
kanthi wening, meneng,
nggayuh kang sarwa dunung.


bumi Ngayogyakarta,
meh wanci enjang, 8 Agustus 2008.

Selasa, 05 Agustus 2008

geguritan (elinga...).

elinga...!

ndhuk,
elinga,
rungokna welinge bapamu,
aja sok gampang kepincut marang barang,
sing katone mono nengsemake,
gumebyar gawe lali,
sok sapaa sing lagi lumebu alaming pasrawungan,
kencana katon wingka,
wingka katon kencana,
elinga ndhuk,
marang samubarang kadonyan,
sing bakal bisa gawe cilaka lan papa cintraka,
apa maneh marang barang-barang sing dadi larangane agama,
kayata nipan, lexotan, lan narkoba liyane,
iku mau bisa gawe uripmu bubrah,
malah kepara dadi sebabe ilanging ajining dirimu,
elinga ya ndhuk, marang pelinge bapamu,
aja pati-pati sliramu kepincut marang barang-barang mau,
aku ibumu tansah tut wuri sliramu,
kanthi donga panyuwunan,
mring sang Widi kang akarya gesang,
elinga,
elinga ndhuk.


bumi Ngayogyakarta, 6 Agustus 2008.

Senin, 04 Agustus 2008

duhkita

duhkita

ibu,
kula mangertos bilih ibu nembe nandhang sungkawa ing manah,
nyumerepi polahipun para kadang wredha mudha,
ingkang nembe kapilut ing godha,
kesengsem ing raja brana lan panguwasa,
sami rebutan panguwaos,
lan ugi sami nggrogoti dana pembangunaning negari,
dene kadang mudha ,
sami kapilut ing narkoba,
para pengageng sami lumebet ing pakunjaran,
amargi anggenipun sami supe dhateng anger-anggering agami,
lan ugi paugering negari,
pancasila lan undang-undang dasar empat lima,
ingkang ngemot tataning agesang lan bebrayan agung,
ibu,
tumetesing waspa paduka,
mujudaken sepinten agenging raos duhkita,
ingkang kasandhang ing ibu,
ibu, mugi raos duhkita punika,
sampun ngantos ibu nilaraken kawula,
margi inggih namung ibu papan pangunsen kawula,
ibu,
sampun duhkita ibu.

bumi Ngayogyakarta, 5 Agustus 2008.
catatan: duhkita artinya sedih.

NGURI-URI BASA JAWA

nalikane aku miwiti ngronce tulisan geguritan ing blog iki,
atiku rumangsa cilik,
marga cupeting kawruhku ing babagan basa Jawa,
aku isin,
aku cilik ati,
nanging getering atiku sing ora isa pinenggak,
murub mubal kaya latu sing ngalad-alad,
kaya-kaya suka pandjurung,
aku kudu bisa melu nguri-uri,
basa Jawa sing dadi basa ibu, wiwit nalikane aku dilahirake,
cenger,
basa adiluhung anggitane para winasis,
lan kang ngemot pitutur luhur,
tumrap lumakuning bebrayan agung,
atiku diosikake,
le...ayo uri-urinen basa Jawa,
sing ing wektu iki, wiwit diemohi dening bocah-bocah anem,
sing rumangsa isin, marga dipocap kuna, ora gaul,
krana iku,
aku arep nyoba mbudidaya kepiye,
bisane aku melu nguri-uri basa Jawa, basa ibu, sing mula wis wiwit langka.

bumi Ngayogyakarta, 4 agustus 2008

Minggu, 03 Agustus 2008