Kamis, 21 Agustus 2008

geguritan (sekar mawar)

sekar mawar

sekar mawar ganda arum,
kinanthi reroncen donga prasaja iki,
wujudake tandha sungkem lan bektiku,
marang bapa ku kang wis sumare,
kepareng sowan ing ngayunaning Pangran,
donga minangka pangiring,
lan reroncen tesbeh ing tanganku,
gawe neng...ning..lan nung...atiku,
kaya-kaya Gusti lenggah nenggani aku,
lan bapa ku kang wus swargi ginandheng ing Gusti,
kanthi asih ngrangkul pundhakku,
mak nyes atiku ,
ing ngareping watu nisan sing bisu iki,
lan binarung aruming ganda sekar mawar,
aku dheku-dheku sumujud marang Gustiku,
nyenyuwun muga bapa ku tansah pinaringan,
gesang lan kabegjan langgeng,
sekar mawar ganda arum iki,
muga bisa gawe aruming laku lan urip sejati,
sekar mawar ganda arum iki,
minangka bukti tandha setya,
lan uga atur panuwun,
awit aku wis kepareng nampi kanugrahan sih,
lumantar swargi bapa ku lan uga leluhurku,
kang wus kepareng nampi kenugrahaning Pangran,
urip sejati ing salaminya.

bumi Ngayogyakarta
mangsa nyadran tahun 2008.

Tidak ada komentar: