Selasa, 05 Agustus 2008

geguritan (elinga...).

elinga...!

ndhuk,
elinga,
rungokna welinge bapamu,
aja sok gampang kepincut marang barang,
sing katone mono nengsemake,
gumebyar gawe lali,
sok sapaa sing lagi lumebu alaming pasrawungan,
kencana katon wingka,
wingka katon kencana,
elinga ndhuk,
marang samubarang kadonyan,
sing bakal bisa gawe cilaka lan papa cintraka,
apa maneh marang barang-barang sing dadi larangane agama,
kayata nipan, lexotan, lan narkoba liyane,
iku mau bisa gawe uripmu bubrah,
malah kepara dadi sebabe ilanging ajining dirimu,
elinga ya ndhuk, marang pelinge bapamu,
aja pati-pati sliramu kepincut marang barang-barang mau,
aku ibumu tansah tut wuri sliramu,
kanthi donga panyuwunan,
mring sang Widi kang akarya gesang,
elinga,
elinga ndhuk.


bumi Ngayogyakarta, 6 Agustus 2008.

Tidak ada komentar: