Minggu, 25 Oktober 2009

kangen

biyung...
saktemene aku kangen...
marang dedongengan lan lagon jawa...
sing tansah ngelingake marang tanah kelahiranku...
gunturgeni sing tetep asri lan ngangeni...
gunturgeni sing mula grapyak semanak...
lagu cublak-cublak suweng....
kang binarung dening gejokan lesung jumlenggung...
gawe kangenku tan kena pinenggak...
biyung....kapan aku bisa ngambali...?
krungu dongeng rara kidul numpak kreta liwat kali progo,...
lan uga lagon montor-montor cilik...
temen....saktemene aku kangen...

Rabu, 09 September 2009

gunturgeni (2)

nalika aku tilik omah,
gawang-gawang aku isih kelingan,
nalikane wit Pala kulon omah,
isih nyimpen wewadi tumraping urip,
wit Pala iku seksi aji,
kepiye nalikane aku cilik,
ginadhang dening bapa lan mbokku,
bapa ibu mardimatoyo,
sing tansah setya nggulawenthah aku,
mbakyu lan adhiku,
wit Pala iku saiki wis gumanti,
nalikane aku bali mulih,
mung kari pengangen-angen,
sing wus ilang gambare,
bapak wus sumare, mbakyu dalah kangmasku,
wus tsntrem ndherek Gusti ing daleme Ilahi,
wit Pala kulon omah,
uga mung kari critane,
nanging Gunturgeni tetep grapyak,
saiki tumeka ing saklawase...

Yogya, 10-09-09,
bapakne Weni, Niken lan Visca.

TRANSFER FACTOR INDONESIA

Check out this SlideShare Presentation:

Testimoni Para Penderita Kanker

Check out this SlideShare Presentation:

Sehat Sejahtera bersama Nutrisi Seimbang

Check out this SlideShare Presentation:

Selasa, 08 September 2009

lindhu gedhe

prastawa lindhu,
ing tanah pasundan durung lerem,
kepara isih akeh sing lagi susah ing panandhang,
dumadakan...,
ing...
wengi iku...,
Senen bengi watara tabuh sewelas luwih sithik,
lan nalikane hawane tintrim,
tan ana walang ngalisik,
dumadakan ana swara gumrubug,
bumi horeg,
lindhu-lindhu ngono aloke wong,
dumadakan swasana rame,
wong-wong padha metu ana plataran, gang lan dedalanan..
lindhu wengi iku...
ngelingake prastawa telung tahun kepungkur,
nalikane 27 Mei 2006,
kang nggawa korban jiwa lan uga bandha,
dhuh Gusti paringana sabar lan panglipur,
dhateng sok sintena ingkang ing wekdal punika,
sami nandhang duhkita,
margi lindhu gedhe ing tlatah pasundan
margi kapedhot ing sih katresnan,
saking sedherek ingkang nandhang tiwas,
Gusti paringana pangapunten lan gesang langgeng,
tumrap ingkang sampun kapundhut,
lan ugi panglipur dhumateng ingkang tinilar.

Rabu, 26 Agustus 2009

ganjuran

telulas Agustus rong ewu sanga,
( greja) ganjuran dadi seksi abadi,
nalikane aku ngentas pitulus,
anak mbarep Agustina Weni,
karo bagus Alfonsus de ligeori Iswantoro
padha tampen tinampen sakramen ijab,
ya ing greja ganjuran iki,
kekarone ngikrarke janji suci,
sumedyo mbangun bebrayan agung,
alelandhesan iman ing Sang Kristus Yesus,
ing ngareping Romo Fx Wiyono, para saksi lan kabeh umat,
kekarone prajanji tansah setyo ing selawase,
nora pisah lamun dudu pati sing misahake,,
mula panyuwunku,
" apa yang telah dipersatukan oleh Allah,
jangan sekali-kali diceraikan oleh manusia"
dhuh Gusti paringa sih,
kekiyatan lan panglipur dhateng anak-anak kula,
ganjuran.....ora bakal ndak lalekake.

Selasa, 21 Juli 2009

bingung

bingung

nalika pawarta dak rungu,
uga dak tonton saka tivi,
atiku njola, kagèt lan kepengin muntab,
généya ana wong kami tegel,
gawé pepati marang wong kang ora luput,
gawé susah wong kang ora kedosan,
nalika bom njeblug,
merga jihad jaréné,
apa iya kanthi mengkono,
bakal diijabahi déning Pengéran,
Gusti dhéwé sing kuwasa maringi urip,
nora bakal tumindak mangkono,
amerga Gusti tresna mring titah,
lan nora bakal gawé raja pati,
généya menungsa titah sakwantah,
téga gawé pepati,
aku bingung,
sétan endi sing ngrasuki pikiran bejat...

ngayogyakarta, 21-Juli 2009.

Rabu, 11 Maret 2009

kapèl st Simon.

kapèl st Simon.

sanadyan mung cilik
kapèl st Simon ngadeg kukuh,
minangka bukti sejarah,
yèn ing tahun 30 an,
Gusti mus makarya ing tengah-tengahing umat,
Gunturgeni kang wus tinarbuka,
nampi kabar gambira bab kekeran Dalem,
Gunturgeni mula cilik lan atos ibaraté kaya padas,
padas, ing ngendi tanduran ora bisa tuwuh,
nanging pranyata sabda Dalem tuwuh lan ngrembaka,
ing tengahing umat Gunturgeni,
penuh daya lan semangat,
makarya cawé-cawé martakaké sabda Dalem,
iki bukti menawa kapèl st Simon,
nadyan cilik nanging,
tetap tuwuh lan ngadeg kukuh,
saiki tumeka ing saklawasé.

gunturgeni, 7 Maret 2009.
ugi kaposting wonten ing
http://giehart.multiply.com

Rabu, 04 Maret 2009

SI ENTHUNG BAKAL DADI KUPU

SI ENTHUNG BAKAL DADI KUPU

(SEIJIN ROMO MGR YOHANES PUJASUMARTA)

Sharing pengalaman mengenai kupu. Saya catat dari cerita almarhum Bapak saya dalam menghadapi tantangan hidup. Saya kisahkan lagi dalam Surat yang saya tulis dalam bahasa Jawa pada masa Adven 1983, 25 tahun yang lalu. Sekarang ini saya terjemahkan dalam bahasa Indonesia untuk teman-teman semua.
Surat-surat di awal masa Adven 1983:
Serat-serat ing wiwitaning mangsa Advèn 1983:

Pada waktu itu (1950-an) tidaklah mudah mendapatkan pekerjaan. Masalah itulah yang menyebabkan hati selalu gelisah dan was-was. Bagaimana lagi! Bila matahari mulai terbit di ufuk timur, ketika ayam jago mulai berkokok, tanda hari siang mulai lagi. Padahal hari itu harus makan dan memberi makan kepada anak-anak. Bila mau makan, haruslah bekerja, akan tetapi tidak ada pekerjaan yang bisa diandalkan.

Wekdal semanten (1950-an) boten gampil pados pedamelan. Prekawis punika ingkang murugaken manah tansah miris lan ketir-ketir. Lha kados pundi ta! Yen surya mlethèk ing bang-bang wétan, kalanipun jago sami kluruk, mertandhani siang wiwit malih. Kamangka dinten punika kedah nedha lan nedhani laré-laré. Yèn badhé nedha kedah nyambut damel, nanging boten wonten pedamelan ingkang gumanthok.

Tibalah musim panas penyebab daun-daun kering dan rontok. Bapak sedang berjalan-jalan di kebon, berdoa, meditasi dan kontemplasi.

Mangsa bentèr murugaken ron-ron sami garing lan rontok. Bapak saweg tindak-tindak wonten ing kebon, sembahyang, meditasi lan kontemplasi.

”Lihatlah, nak,
Ulat yang sedang bersembunyi
di daun itu.
Meski daun-daun lain kering,

tidaklah daun itu.
Si Ulat tetap saja dapat makan,
Dan sekarang telah menjadi kepompong.
Saatnya akan tiba
Kepompong akan menjadi kupu
terbang ke mana pun.

”Delengen, anggèr,
uler sing ndhelik nang godhong kuwi.
Senajan godhong-godhong liyané garing
nanging godhong kuwi ora.
Si uler tetep bisa mangan,
lan saiki wis dadi enthung.
Arep tekan titi mangsané mengko
si enthung bakal dadi
kupu
mabur tekan ngendi-endi.

Bila si Ulat saja begitu besar

diperhatikan oleh Allah,
apalagi kita ini
yang menjadi anak-anak Allah.

Yèn sing uler waé digatèkaké
semono gedhéné déning Gusti,
apa menèh awaké dhéwé
sing dadi putra-putra Dalem iki.

Peristiwa itulah, Nak,
yang menyebabkan aku tetap percaya
dan selalu berharap
pada penyelenggaraan ilahi.

Kuwi, anggèr,
sing marakaké aku tetep percaya
lan tansah duwé pangarep-arep
marang pangrengkuh Dalem Gusti.”

Teringat saya, bila Bunda sedang menggendong adik-adik saya. Kadang diajak melihat-lihat taman, disenandungkan nyanyian, agar hati gembira.

Kula kémutan, yèn ibu saweg nggéndhong adhi-adhi kula. Sok dipun ajak wonten kebon, dipun menyanyèkaken, supados remen.

Mau kutangkap kupu itu,
namun terbangnya merepotkan
ke utara, ke selatan, ke timur, balik ke barat
ke sana ke mari ke mana pun.
Siapa dapat menangkap?
Baru saja hinggap, lalu terbang lagi.


Kupu
kuwi dakincupé
Mung aburé angewuhaké
Ngalor ngidul ngétan bali ngulon
Mrana-mréné mung saparan-paran
Sapa bisa ngincupaké men
tas méncok cégrok
banjur mabur pleper

Bila demikian yang digendhong ngantuk, lalu tertidur.

Yèn ngaten punika ingkang dipun géndhong ngantuk, lajeng tilem.


”Lihatlah, Nak,
Saatnya akan tiba
Kepompong akan menjadi kupu
terbang ke mana pun.

”Delengen, anggèr,
arep tekan titi mangsané mengko
si enthung bakal dadi
kupu
mabur tekan ngendi-endi.”


Gunturgeni,
mangsa prapaskah 2009

(Dia senantiasa menepati janjiNya,
berawal dari ulat,
kemudian menjadi kepompong, enthung,
dan akhirnya jadilah kupu-kupu,
yang mengepakkan sayap indahnya,
seindah janjiNya)

Selasa, 03 Maret 2009

gunturgeni


gunturgeni


luwih saka selawé tahun,
aku ngombé banyu bening,
sing ngetuk mili saka dapuraning pringapus,
mburi omah,
sakcedhakning kapèl cilik santo Simon,
minangka pancering urip sakwetara umat,
sing percaya lan duwé pangarep-arep,
marang tyas Dalem,
pranyata,
urip ora mung saka tuk pringapus,
nanging saka tuk kang mili saka jaja Dalem,
tuk sing marahi nduwèni daya,
lan bisa gawé tentreming urip iki,
marga saka tuk kang uga mili toya rah rah,
aku lan umat sing precaya ing pakaryaning,
putraning manungsa
bakal antuk kanugrahan,
urip langgeng ing saklawasé,
gunturgeni,
désa ing pinggiring segara,
tekan kapan ora bakal tak lalèkaké.


gunturgeni, 28 Maret 2009,
nalika tilik omah tabon.

Senin, 02 Maret 2009

banjir

banjir

swara gumrubug nggegirisi,
udan deres binarung,
angin lésus,
udan deres tan kinira,
dumadakan banjir rob ngelebi,
désa, sawah lan kampung,
banjir rob merga dhadhaling tanggul,
kali bengawan Solo,
swara pating jlerit njaluk tulung,
banjir rob nggawa korban,
ora mung bandha,
nanging uga nyawa.



Yogya, 03-03-09

Minggu, 01 Maret 2009

garukan

garukan,

ésuk iku nalikané grimis,
aku lagi nata dagangan nèng pinggir ndalan,
pedagang kaki lima sebutané,
gawéan biasané,
krana iku aku bisa nyukupi urip,
uriping keluarga,
lan kanggo tuku buku sing sangsaya larang,
lagi baé arep nyulet udud,
dumadakan,
ana swara rebut-ribut,
garukan......garukan,
wong-wong padha ngukuti dagangané dhéwé-dhéwé
aku ra nyana,
ra ngira,
merga rumangsaku,
saben ndina aku wis dijaluki sapon,
limang ewu répés sedina,
aku ra nggraita,
yèn awan iku ana oprasi pol pé pé,
garukan bakul èmpèran,
dagangan di obrak-abrik,
banjur diangkut,
jarené awan iku arep ana kunjungan pejabat,
mula dalanan kudu resik,
jarené manèh
bakul èmpèran kuwi ngregedi pemandhangan,
aku agé-agé ngringkesi barang dagangan,
nanging ora keconggah,
merga kalah cepet karo petugas,
sing racaké isih nom lan trengginas,
aku disèrèt diunggahaké trek,
aku ora suwala,
apa ya kaya ngnéné iki nasibé wong cilik,
sing ora daya lan ora duwé kuasa,
aku mung bisa ndonga,
Gusti paringa sih wilasa,
lan ugi pangapura,
dhateng tetiyang punika,
ingkang degsiya dhateng kawula tiyang papa,
kaapuntena,
amargi tetiyang punika,
mboten mangertosi punapa ingkang katindakaken,
kejawi hamung,
netepi dhawuhipun pangagengipun.

Yogya, 02-03-09,
bubar nonton tv nyiarke garukan.

Selasa, 24 Februari 2009

mendhung peteng

mendhungé peteng,
blèdhèk nyamber gawé miris,
bocah cilik sedhakep ana pojok pawon,
sajak nggigil kadhemen,
awaké ndhredheg gemeter,
lé, sabar ya lé sedhela manèh,
rak wis mateng,
simbok lagi olah-olah,
mendhungé peteng ndhedhet,
bocah cilik kethap kethip marga luwé,
wiwit esuk durung kelebon upa,
potrèt warga miskin sing uripé,
tansah njagakake wetuning kringet,
buruh apa waé singn butuh tenagané,
le wis mateng,
ayo gèk ndang maem,
gumregah bocah cilik,
lho....mbok,
saiki mangan sega aking menèh ta?
simbok mbrebes mili tan bisa kumecap,
senadyan sega aking,
bocah cilik mau sajak gembul,
merga kegawa weteng luwé,
mendhung peteng ndhedhet,
kaya petenging urip brayat mau,
lan brayat-brayat liyané,
sing kesrakat lan kebaking panandhang,
penuh ing kasangsaraning urip.


yogya, 25 -02-09
nalika udan nggrejih.

Selasa, 17 Februari 2009

ponari

ponari

iki potrèt burek,
tumraping kahananing ngaurip iki,
akèhing warga miskin,

sing sarwa kekurangan,
kepéngin urip bagas saras,
nanging kantong kempès,

wurung mertamba

apa manèh mondhok

rumah sakit langka kejangka,
mulané,

nalika ana pawarta,
ponari bocah cilik,
bisa mbéngkas lelara apa baé,
akèh warga rila suk-sukan,
lanang wadon wredha mudha,

rebut dhucung mburu banyu cinelup

nadyan wis ana pepati,
warga tetep padha ngupiya,
bisané ntuk banyu cinelup ing séla,
piye bisane olèh pitulungan,

dimèn saran lelara kang sinandhang,
lantaran ponari "dhukun" cilik,
ilang sakabèhing lelara,
sejatiné mono dudu ponari sing makarya,
ning mbokmenawa wus kersaning Allah,
kang paring gesang mring titah sakwantah,
ponari mung wayang sakupamané,
ponari,
ponari,
muga-muga bener apa sing tak krungu,
ponari mung minangka lantaran,
pakaryaning Hyang Widi kang amisésa buwana.



Yogyakarta, Pebruari 2009

Selasa, 03 Februari 2009

banjir

banjir

trenyuh atiku,

nalikané aku meruhi kahanan,

panandhangé sedulur-sedulur kang lagi nampa pacoban

banjir bandhang merga udan nggrejih seminggu nutug,

banjir kiriman saka daerah nggunung,

sing alasé wis plonthos,

gundhul ndhul tanpa kekayon,

sakwetara bengawané wis ora keconggah,

kanggo miline banyu bah,

merga wis cethèk kebaking linet,

lan pinggiring bengawan,

wus kebak gubug-gubug liar,

sing tambah marahi banyuné mbludag,

ngelebi omah lan kampung kampung,

tundhoné panandhang iku,

tanpa wates lan bakal dumadi manèh saben tahun,

atiku sedhih nyawang kahanan iku,

nanging aku ra bisa polah,

kejaba donga ndremimil kagem Gustiku sing tak sembah,

nyuwun muga panandhang iku énggal kabéngkas,

Gusti kula nyuwun welas,

nyuwun kawelasan Ndalem.


Yogya, 3 Pebruari 2009
nalika udan nggrejih.

Senin, 26 Januari 2009

welingku

welingku.

aku mung weling,

aja dhemen berdondi,
tuwas mung ngedohké lé dha paseduluran,
lan aja seneng ngrasani liyan,
bakal ngedohaké srawung lan dadi pasulayan,
aja sok kumalungkung,
tundhone bakal ngasoraké dhiri,
lan aja gumampang,
merga bakal ngebot-eboti pikiran lan urip,
lan mènèh aja sok ngumbar janji,
sing sekirané ora bisa mbok lakoni,
iku welingku,
piweling amarga sih katresnaku,
marang sliramu,
piweling sing lahir saka ati kang resik,
bèn é uripmu gangsar lan ora kena ing panandhang,
mula aja gampang sesorah lan ngumbar swara,
sing ora pener kepara malah ora bener,
merga ajining dhiri iku dumunung ing lathi,
mung iku welingku.

bumi ngaYogyakarta, 26 Januari 2009.

Selasa, 20 Januari 2009

falsafah Jawa: "ngono ya ngono ning aja ngono"

"ngono ya ngono ning aja ngono"
Falsafah tersebut mengarahkan hidup orang Jawa, agar bisa menyesuaikan diri. Orang Jawa dalam bergaul berprinsip harus empan papan. Orang Jawa ( yang njawani: giek) begitu paham terhadap ajaran filosofi:(1) sing bisa angon mangsa, hendaknya dalam pergaulan bisa menempatkan ruang dan waktu. Jangan asal nyeplos (asbun) dan bertidak; (2) séjé kulit séjé anggit ( setiap orang memiliki pemikiran yang berbeda), séjé uwong séjé omong ( setiap orang berbeda apa yang dikatakan, yang dipikirkan). Falsafah hidup menghargai dan mengerti terhadap orang lain, adalah sikap hidup yang bijaksana. Orang lain memiliki kejiwaan yang patut dipertimbangkan, sehingga dalam bergaul bisa karyénak tyasing sesama ( mengenakkan hati sesama).


(Dikuti dari: Falsafah Hidup Jawa oleh Suwardi Endraswara Penerbit Cakrawala, cetakan kedua Juni 2006, seijin Penulis).

Selasa, 13 Januari 2009

kanthi ati

kanthi ati, aku matur....

aku ora ngerti,
kudu matur apa lan kepiyé carané,
awit kekucah sing wus dak tampa,
rejeki kang matumpa-tumpa,
kasarasaning jiwa lan raga,
lan uga lancaring pakaryan pangupa jiwa
saka agunging kamirahan nDalem,
saha asih tresna Dalem sing tanpa winates,
aku bisa makarya kanthi pantes,
embuh aku ora ngerti,
kudu matur apa,
sing tak ngerteni mung,
sila dheku-dheku,
matur nganggo caraku,
cara nggonku manembah mring hang Allah,
merga aku percaya,
menawa Gusti bisa mirengaken,
lan priksa marang basaku,
basané wong ra bisa micara,
nanging kanthi ati aku manembah,
kanthi ati aku ngucap syukur,
lan kanthi ati aku pasrah sumarah,
aku iki mung abdi titah sakwantah,
mulané,
aku mung bisa matur,
matur nuwun,
sendika ing dhawuh Dalem.



ketanggungan, 14 januari 2009