Selasa, 24 Februari 2009

mendhung peteng

mendhungé peteng,
blèdhèk nyamber gawé miris,
bocah cilik sedhakep ana pojok pawon,
sajak nggigil kadhemen,
awaké ndhredheg gemeter,
lé, sabar ya lé sedhela manèh,
rak wis mateng,
simbok lagi olah-olah,
mendhungé peteng ndhedhet,
bocah cilik kethap kethip marga luwé,
wiwit esuk durung kelebon upa,
potrèt warga miskin sing uripé,
tansah njagakake wetuning kringet,
buruh apa waé singn butuh tenagané,
le wis mateng,
ayo gèk ndang maem,
gumregah bocah cilik,
lho....mbok,
saiki mangan sega aking menèh ta?
simbok mbrebes mili tan bisa kumecap,
senadyan sega aking,
bocah cilik mau sajak gembul,
merga kegawa weteng luwé,
mendhung peteng ndhedhet,
kaya petenging urip brayat mau,
lan brayat-brayat liyané,
sing kesrakat lan kebaking panandhang,
penuh ing kasangsaraning urip.


yogya, 25 -02-09
nalika udan nggrejih.

Selasa, 17 Februari 2009

ponari

ponari

iki potrèt burek,
tumraping kahananing ngaurip iki,
akèhing warga miskin,

sing sarwa kekurangan,
kepéngin urip bagas saras,
nanging kantong kempès,

wurung mertamba

apa manèh mondhok

rumah sakit langka kejangka,
mulané,

nalika ana pawarta,
ponari bocah cilik,
bisa mbéngkas lelara apa baé,
akèh warga rila suk-sukan,
lanang wadon wredha mudha,

rebut dhucung mburu banyu cinelup

nadyan wis ana pepati,
warga tetep padha ngupiya,
bisané ntuk banyu cinelup ing séla,
piye bisane olèh pitulungan,

dimèn saran lelara kang sinandhang,
lantaran ponari "dhukun" cilik,
ilang sakabèhing lelara,
sejatiné mono dudu ponari sing makarya,
ning mbokmenawa wus kersaning Allah,
kang paring gesang mring titah sakwantah,
ponari mung wayang sakupamané,
ponari,
ponari,
muga-muga bener apa sing tak krungu,
ponari mung minangka lantaran,
pakaryaning Hyang Widi kang amisésa buwana.



Yogyakarta, Pebruari 2009

Selasa, 03 Februari 2009

banjir

banjir

trenyuh atiku,

nalikané aku meruhi kahanan,

panandhangé sedulur-sedulur kang lagi nampa pacoban

banjir bandhang merga udan nggrejih seminggu nutug,

banjir kiriman saka daerah nggunung,

sing alasé wis plonthos,

gundhul ndhul tanpa kekayon,

sakwetara bengawané wis ora keconggah,

kanggo miline banyu bah,

merga wis cethèk kebaking linet,

lan pinggiring bengawan,

wus kebak gubug-gubug liar,

sing tambah marahi banyuné mbludag,

ngelebi omah lan kampung kampung,

tundhoné panandhang iku,

tanpa wates lan bakal dumadi manèh saben tahun,

atiku sedhih nyawang kahanan iku,

nanging aku ra bisa polah,

kejaba donga ndremimil kagem Gustiku sing tak sembah,

nyuwun muga panandhang iku énggal kabéngkas,

Gusti kula nyuwun welas,

nyuwun kawelasan Ndalem.


Yogya, 3 Pebruari 2009
nalika udan nggrejih.