Tampilkan postingan dengan label geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label geguritan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 03 Februari 2009

banjir

banjir

trenyuh atiku,

nalikané aku meruhi kahanan,

panandhangé sedulur-sedulur kang lagi nampa pacoban

banjir bandhang merga udan nggrejih seminggu nutug,

banjir kiriman saka daerah nggunung,

sing alasé wis plonthos,

gundhul ndhul tanpa kekayon,

sakwetara bengawané wis ora keconggah,

kanggo miline banyu bah,

merga wis cethèk kebaking linet,

lan pinggiring bengawan,

wus kebak gubug-gubug liar,

sing tambah marahi banyuné mbludag,

ngelebi omah lan kampung kampung,

tundhoné panandhang iku,

tanpa wates lan bakal dumadi manèh saben tahun,

atiku sedhih nyawang kahanan iku,

nanging aku ra bisa polah,

kejaba donga ndremimil kagem Gustiku sing tak sembah,

nyuwun muga panandhang iku énggal kabéngkas,

Gusti kula nyuwun welas,

nyuwun kawelasan Ndalem.


Yogya, 3 Pebruari 2009
nalika udan nggrejih.

Rabu, 05 November 2008

ibu Marganingsih

ndhuk,
percayaa marang kang kagungan urip iki,
panandhangmu durung sepiroa,
lara kang mbok sandhang iki,
mujudake pepeling tumraping diri,
lan kabeh mau bakal kabengkas,
dening kuwasaning Hyang Widi kang akarya gesang,
lumantar Putra kang wis kinorbanake,
tumrap uriping kawula dasih,
jer piyambake Sang Juru Sembuh sejati,
kang bakal marekake kabeh panandhang,
percayaa ndhuk lan nyenyuwuna,
lumantar Ibu kang ambeg welas asih,
kang wus kersa dadi lumantaring panyuwunan tiyang papa,
ya ibu, ibu Marganingsih.


pantirapih, 6 Nop 08

Rabu, 13 Agustus 2008

geguritan (merdika???)

merdika???

pitakonku iki mula rada nyleneh,
jarene wis sewidak telu tahun bangsaku iki merdika,
nanging geneya isih ana panandhang,
sing nggubel uriping bangsaku,
isih akeh sing durung mentas saka wuta aksara,
malah kepara akeh sing ora ngambah pawiyatan,
merga ora ngerti mengkone arep dadi apa,
nadyan wis klakon lulus dadi sarjana,
langka bisane makarya,
yen ora nganggo sim salabim,
mula akeh sing nglokro,
pitakonku,
apa iya iki wis merdika?
apa iya kita ora jinajah?
dening pikiran-pikiran sing tumuju marang,
barang kahartan lan kadonyan,
nganti lali marang jatining urip,
iki wujud yen kita tansah jinajah,
pitakonku mula nyleneh,
kepara malah dianggep ora lumrah,
apa iya wis merdika?
apa iya?

bumi Ngayogyakarta,
15 Agustsus 2008.

Sabtu, 09 Agustus 2008

geguritan (atimu atos kaya watu)

atimu atos kaya watu.

nalikane semana,
aku rak wis tau kandha,
aja waton srawung,
merga sesrawungan mono,
kudu bisa pilah,
antarane sing migunani ing urip,
apa malah dadi sandhungane urip,
ana sing asipat peteng,
lan tembe dadi tumiba ing papa cintraka,
nanging uga ana sing gawe padhaning ngaurip,
lan uga marakake pesrawungan tambah sanak,
kang tembe bisa njalari enak kepenak,
mula elinga kandhaku,
yen sliramu kudu ngati-ati,
aja grusa-grusu,
kabeh kudu ditimbang kanthi ati wening,
aku rak wis nate kandha,
ning kandhaku ora mbok rewes,
temahan uripmu dadi sangsara,
mala tumiba ing bab kang nistha,
nalikane aku kandha,
sliramu mula ora nggape,
geneya atimu dadi atos kaya watu,
ora bisa nampa celathu,
saka sedulur sing ngeman uripmu,
aku rak wis nate kandha ta.


bumi Ngayogyakarta,
malem minggu 9 Agustus 2008.

Kamis, 07 Agustus 2008

ning..neng...nung

ning...neng....nung.

ning.....
wengi iki nalikane sepi nyenyet,
tan ana walang ngalisik,
atiku ngulandara nggolek wening,
sing ana mung semilire angin wengi,
kepara malah nambah swasana sepi pi,
aku nyoba meneng,
neng,
kanthi pangajab, bisoa aku mbuka ati,
kanggo wisik sing bisa ngudhari ruwet renteging urip,
sapa ngerti Gusti paring,
nung,
ati kang dumunung marang dalaning ngaurip,
sing padha diuri sok sapaa titah tumitah,
nung,
dununging urip, kang salaras karo karsaning Allah,
urip kang migunani tumrap pepadha,
ning...neng....nung...
ya ing wengi iki tansah dak udi,
kanthi wening, meneng,
nggayuh kang sarwa dunung.


bumi Ngayogyakarta,
meh wanci enjang, 8 Agustus 2008.

Senin, 04 Agustus 2008

NGURI-URI BASA JAWA

nalikane aku miwiti ngronce tulisan geguritan ing blog iki,
atiku rumangsa cilik,
marga cupeting kawruhku ing babagan basa Jawa,
aku isin,
aku cilik ati,
nanging getering atiku sing ora isa pinenggak,
murub mubal kaya latu sing ngalad-alad,
kaya-kaya suka pandjurung,
aku kudu bisa melu nguri-uri,
basa Jawa sing dadi basa ibu, wiwit nalikane aku dilahirake,
cenger,
basa adiluhung anggitane para winasis,
lan kang ngemot pitutur luhur,
tumrap lumakuning bebrayan agung,
atiku diosikake,
le...ayo uri-urinen basa Jawa,
sing ing wektu iki, wiwit diemohi dening bocah-bocah anem,
sing rumangsa isin, marga dipocap kuna, ora gaul,
krana iku,
aku arep nyoba mbudidaya kepiye,
bisane aku melu nguri-uri basa Jawa, basa ibu, sing mula wis wiwit langka.

bumi Ngayogyakarta, 4 agustus 2008