welingku. aku mung weling, aja dhemen berdondi, tuwas mung ngedohké lé dha paseduluran, lan aja seneng ngrasani liyan, bakal ngedohaké srawung lan dadi pasulayan, aja sok kumalungkung, tundhone bakal ngasoraké dhiri, lan aja gumampang, merga bakal ngebot-eboti pikiran lan urip, lan mènèh aja sok ngumbar janji, sing sekirané ora bisa mbok lakoni, iku welingku, piweling amarga sih katresnaku, marang sliramu, piweling sing lahir saka ati kang resik, bèn é uripmu gangsar lan ora kena ing panandhang, mula aja gampang sesorah lan ngumbar swara, sing ora pener kepara malah ora bener, merga ajining dhiri iku dumunung ing lathi, mung iku welingku.