Selasa, 03 Februari 2009

banjir

banjir

trenyuh atiku,

nalikané aku meruhi kahanan,

panandhangé sedulur-sedulur kang lagi nampa pacoban

banjir bandhang merga udan nggrejih seminggu nutug,

banjir kiriman saka daerah nggunung,

sing alasé wis plonthos,

gundhul ndhul tanpa kekayon,

sakwetara bengawané wis ora keconggah,

kanggo miline banyu bah,

merga wis cethèk kebaking linet,

lan pinggiring bengawan,

wus kebak gubug-gubug liar,

sing tambah marahi banyuné mbludag,

ngelebi omah lan kampung kampung,

tundhoné panandhang iku,

tanpa wates lan bakal dumadi manèh saben tahun,

atiku sedhih nyawang kahanan iku,

nanging aku ra bisa polah,

kejaba donga ndremimil kagem Gustiku sing tak sembah,

nyuwun muga panandhang iku énggal kabéngkas,

Gusti kula nyuwun welas,

nyuwun kawelasan Ndalem.


Yogya, 3 Pebruari 2009
nalika udan nggrejih.

Senin, 26 Januari 2009

welingku

welingku.

aku mung weling,

aja dhemen berdondi,
tuwas mung ngedohké lé dha paseduluran,
lan aja seneng ngrasani liyan,
bakal ngedohaké srawung lan dadi pasulayan,
aja sok kumalungkung,
tundhone bakal ngasoraké dhiri,
lan aja gumampang,
merga bakal ngebot-eboti pikiran lan urip,
lan mènèh aja sok ngumbar janji,
sing sekirané ora bisa mbok lakoni,
iku welingku,
piweling amarga sih katresnaku,
marang sliramu,
piweling sing lahir saka ati kang resik,
bèn é uripmu gangsar lan ora kena ing panandhang,
mula aja gampang sesorah lan ngumbar swara,
sing ora pener kepara malah ora bener,
merga ajining dhiri iku dumunung ing lathi,
mung iku welingku.

bumi ngaYogyakarta, 26 Januari 2009.

Selasa, 20 Januari 2009

falsafah Jawa: "ngono ya ngono ning aja ngono"

"ngono ya ngono ning aja ngono"
Falsafah tersebut mengarahkan hidup orang Jawa, agar bisa menyesuaikan diri. Orang Jawa dalam bergaul berprinsip harus empan papan. Orang Jawa ( yang njawani: giek) begitu paham terhadap ajaran filosofi:(1) sing bisa angon mangsa, hendaknya dalam pergaulan bisa menempatkan ruang dan waktu. Jangan asal nyeplos (asbun) dan bertidak; (2) séjé kulit séjé anggit ( setiap orang memiliki pemikiran yang berbeda), séjé uwong séjé omong ( setiap orang berbeda apa yang dikatakan, yang dipikirkan). Falsafah hidup menghargai dan mengerti terhadap orang lain, adalah sikap hidup yang bijaksana. Orang lain memiliki kejiwaan yang patut dipertimbangkan, sehingga dalam bergaul bisa karyénak tyasing sesama ( mengenakkan hati sesama).


(Dikuti dari: Falsafah Hidup Jawa oleh Suwardi Endraswara Penerbit Cakrawala, cetakan kedua Juni 2006, seijin Penulis).

Selasa, 13 Januari 2009

kanthi ati

kanthi ati, aku matur....

aku ora ngerti,
kudu matur apa lan kepiyé carané,
awit kekucah sing wus dak tampa,
rejeki kang matumpa-tumpa,
kasarasaning jiwa lan raga,
lan uga lancaring pakaryan pangupa jiwa
saka agunging kamirahan nDalem,
saha asih tresna Dalem sing tanpa winates,
aku bisa makarya kanthi pantes,
embuh aku ora ngerti,
kudu matur apa,
sing tak ngerteni mung,
sila dheku-dheku,
matur nganggo caraku,
cara nggonku manembah mring hang Allah,
merga aku percaya,
menawa Gusti bisa mirengaken,
lan priksa marang basaku,
basané wong ra bisa micara,
nanging kanthi ati aku manembah,
kanthi ati aku ngucap syukur,
lan kanthi ati aku pasrah sumarah,
aku iki mung abdi titah sakwantah,
mulané,
aku mung bisa matur,
matur nuwun,
sendika ing dhawuh Dalem.



ketanggungan, 14 januari 2009


Selasa, 02 Desember 2008

keduwung

ibu,
saiba keduwunging manah amba,
menawi èngèt sepinten agenging sih katresnaning ibu,
langkung-langkung nalikanipun ibu,
godras ludira, adusing riwé, lumebet ing prang sabil,
kanggé anglairaken jabang bayi,
kawula dasih,
dhuh ibu,
ingkang agenging sih wilasa,
kanthi ngrerepèh ing padaning ibu,
kawula nyuwun genging pangaksama,
margi kula mboten saged,
bekti ing ibu,
kula mboten saged angladosi ibu,
nalikaning ibu nandhang gerah amargi yuswa sepuh,
lan nalikaning ibu pasrah sumarah,
ing ngarsaning Hyang Allah,
kanthi sinartan nyuwun sih palimirmaninng Allah,
kinanthèn pangajab, kaapuntena sadaya dosa lan lepat,
ibu,
kawula ngrumaosi kebak ing dosa,
jer mboten saged males agenging budi ibu,
kejawi namung kepareng matur,
matur nuwun ibu,
awit genging asih dalem ibu dhateng kawula,
matur nuwun ibu,
kawula keduwung trusing manah,
kawula prajanj
èng ing manah,
mboten badhé nyupekaken ibu,
amargi ibu satuhu luhuring budi,
ingkang tansah pantes kinabekt
èn,
ibu kawula keduwung trusing manah.


bumi ngayogyakarta,
nalika nenggani ibu gerah,
awal desember 2008.

Rabu, 05 November 2008

ibu Marganingsih

ndhuk,
percayaa marang kang kagungan urip iki,
panandhangmu durung sepiroa,
lara kang mbok sandhang iki,
mujudake pepeling tumraping diri,
lan kabeh mau bakal kabengkas,
dening kuwasaning Hyang Widi kang akarya gesang,
lumantar Putra kang wis kinorbanake,
tumrap uriping kawula dasih,
jer piyambake Sang Juru Sembuh sejati,
kang bakal marekake kabeh panandhang,
percayaa ndhuk lan nyenyuwuna,
lumantar Ibu kang ambeg welas asih,
kang wus kersa dadi lumantaring panyuwunan tiyang papa,
ya ibu, ibu Marganingsih.


pantirapih, 6 Nop 08

Kamis, 09 Oktober 2008

donga

donga

anakku,
biyung ngerti bot repoting uripmu,
apa maneh kowe urip neng kutha gedhe,
sing keras, malah kepara kejem,
sing kudu wani nggetih kanggo ngupaya boga,
mbanting tenaga meres kringet,
ananging thole anakku,
aja pupus ing pangarep-arep
jer Pangran maha adil lan maha murah,
biyung uga ora nate lali,
tansah ndedonga marang Gusti,
amrih tentreming uripmu,
mula thole,
aja lali marang Pangraning dumadi,
sumujuda lan manembaha trus,
dongaku kinanthen ati tulus,
kanggomu thole,
saiki trus ing salaminya.

bumi Ngayogyakarta,
surya kaping 1 oktober2008.