Rabu, 24 November 2010

BUDAYA JAWA SARINGAN GLOBALISASI

Budaya Jawa,saringan pangaruh globalisasi

Jaman saiki akeh banget wong kang wani nerak agama, nerak wewaler lan ngadohi Pangeran.

Saliyane iku, padha mikir awake dhewe, nutup mripat lan kuping karo karepotane wong liya, kurang tanggap ing sasmita, adigang adigung adiguna. Marang wongtuwane ya ora gelem ngajeni, wong wadon wani karo bojone, guyub rukun ing masarakat sansaya udhar.

Kahanan kang kaya mangkono iku kaya-kaya wus dadi panganan saben dina. Budaya kulonan, ngrembakane ilmu piwulangan lan teknologi sarta ilining pawarta jroning mangsa globalisasi dhewasa iki diakoni apa ora pranyata ngaruh marang tata susila lan budi pekertine masarakat Jawa lan masarakat saumume.

“Apa kang diarani pangaruh kuwi bisa njalari prakara kang asipat becik utawa ala. Buktine, jaman saiki akeh generasi mudha kang ora dunung marang trapsila, unggah-ungguh, budi pekerti jroning budaya Jawa. Mula, diprelokake saringan piwulang luhur budaya Jawa minangka watak lan jatidhiri bangsa lan nagara,” piterange Pangarsa Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS Solo, Imam Sutardjo, nalika medhar andharan ing adicara Bimbingan Teknis Guru Budi Pekerti SMP, SMA lan SMK sak-Kabupaten Karanganyar ing Tawangmangu, sawetara wektu kapungkur.

Disebutake Imam, manungsa kuwi minangka titah kang monopluralis, yakuwi titah tumrap pribadine, sosial lan titahipun Pangeran. Telung kagunan iku wajib dileksanakake kanthi bebarengan liwat piranti cipta, rasa lan karsa, supaya dadi manungsa utama, luhur budine, waskitha lan wicaksana. Bab iku trep karo tujuan pembangunan nasional bangsa Indonesia yakuwi mbebangun manungsa sawutuhe.

Jejibahan

“Budaya Jawa sajane dudu budaya kang paling apik tinimbang budaya-budaya ing Nuswantara liyane. Nanging budaya Jawa duweni jejibahan kang paling abot lan paling baku kanggo njurung integrasi nasional dina iki lan ing tembe mburi, jalaran Jawa wus kebacut dadi punjering Indonesia nurut kasunyatan sujarahe,” tandhese.

Budaya Jawa kawit mbiyen wus duweni budaya adiluhung lan bisa dibuktekake anane maneka tetilasan lan karya-karya agung mangsa karaton ing tanah Jawa. Kabeh kuwi kudu didadekake paitan dhasar lan utama supaya bisa ajeg dirembakake, supaya piwulang luhur budaya Jawa dadi salah sijining sokoguru agunging budaya nasional. Dene kuwajiban manungsa urip ing donya iki yakuwi kuwajiban mring Pangeran, pribadine dhewe, lan sosial (kulawarga, sepadhane, pamarentah/bangsa lan nagara). -

Oleh : Damar Sri Prakoso

Edisi : Kamis, 25 November 2010 , Hal.VIII
kasalin saka : semar.multiply.com