Selasa, 02 September 2008

geguritan (kangen)

kangen

nalika aku ngronce geguritan iki,
atiku lagi goreh merga kangen sliramu,
sing wis rong tahun ra ana kabare,
jarene sliramu pamit mung sadhela,
ning geneya,
tekan wanci iki ra ana kabare,
aku kangen sliramu,
marang praupanmu sing tansah sumringah,
esemmu sing ngundang birahi,
lan guyumu sing renyah,
beja aku sing isih isa ngendhaleni,
hawa nafsu sing nggoda ati,
ora tumiba ing laku nistha,
kang nerak angger-angger ing agama,
aku kangen sliramu,
apa sliramu ra rumangsa yen tak tunggu,
aku tetep setia marang janji suci.


Ngayogya, 3 September 2008

3 komentar:

Anonim mengatakan...

hallo,pak.
ini hny skdr info.coba dech pak,sering berkunjung keblog para bloger agar ada komen balik dari mereka.biar tambah rame blognya.
salamku

ning nanung mengatakan...

sugeng enjang pak,
kangen nggih ....kula nate ngraosaken pak

Cahyo Sumunar mengatakan...

mila menawi raos kangen sampun "memuncak", tansah gawang-gawang wonten ing manah...