Selasa, 16 September 2008

kaparingana gesang jati

kaparingana gesang jati.

atiku nlangsa nalikane,
aku meruhi kahanan sing marahi ati nggrantes,
geneya dulurku ndadak antri suk-sukan,
kanggo mburu duwit telungpuluh ewu,
apa ora ana cara liya,
kanggo priyagung sing brewu banda kadonyan,
anggone paweh marang kang lagi nandhang kesrakat,
kang tundhone nganti ngorbanake uripe,
duwit ora kecekel,
malah pati sing tinemu,
Gusti paringana kabegjan jati tumrap sedherek kawula,
ingkang nandhang miskin lan kacingkrangan,
ingkang dados korban nalikanipun sami antri,
lan ingapuntena dosanipun sedherek wau,
mbok bilih punika margi ingkang sae kanggenipun sedherek-sedherek punika,
amrih enggal pinaringan pangentheng-entheng tumrap gesangipun,
nalika gesang kagubel ing panandhang,
lan sakpunika sampun pinaringan pepadhang,
saking panjenganipun Gusti kang akarya gesang.


yogya, 160908

Tidak ada komentar: