Rabu, 24 Maret 2010


sepira kagèté ati iki,
nalikané aku nampa pawarta,
agé -agé aku tumuju menyang omahé anakku,
pawarta sing ora tak nyana,
marga lagi baé aku bali,
ninggalaké ibu lan anakku,
dumadakan kaya- kaya ora precaya,
marang pawarta iku,
pawarta sing pancèn gawé kagèt,
ibu....ibu...wus kinersakaké,
déning Gusti sowan ngersa Dalem,
ora nganggo lara,
kepara lagi padha lèrèn nonton tivi,
ngliling buyuté kang némbé lahir
nanging wus dadi kersa Dalem,
Ibu nyuwun pangapunten,
généya Ibu nglimpèkaken kula,
anggènipun sowan Gusti,
Ibu sampun sayah,
Ibu sugeng tindak,
sugeng gesang langgeng.