Rabu, 30 Juni 2010

PROSESI AGUNG GANJURAN

PROSESI AGUNG
UMAT TYAS DALEM SANUSANTARA
TAHUN 2010


UMAT TYAS DALEM GUSTI YESUS
NGUNJUKAKEN ATUR PANUWUN TUWIN ANDUM BERKAH




Paroki Hati Kudus Tuhan Yesus
GANJURAN
Minggu, 27 Juni 2010, 07.00

Tahun 2010 umat Allah Keuskupan Agung Semarang ngaturaken atur panuwun awit anggen Dalem Gusti sampun kersa ngamping-ampingi lampahing sejarah selebeting 70 taun, nyarengi anggenipun mungkasi taun tumapaking Arah Dasar 2006-2010. Mila tahun 2010 kasebat taun atur panuwun tumpraping habitus enggal ingkang kabangung salebeting gangsal taun punika. Kangge mratelakaken atur panuwun wau dinten punika ugi ing Muntilan dipun wontenaken pahargyan atur panuwun ageng, sinareng pahargyan atur panuwun ing paroki papanipun piyampak-piyambak.

Taksih kemutan kula lan kita sedaya bilih ing taun 2008 umat ngawontenaken Kongres Ekaristi Keuskupan I Keuskupan Agung Semarang, ngolah tema: Ekaristi, Andum Roti 5 lan Ulam 2. Nyonto lare ingkang ngunjukaken bektanipun roti 5 lan ulam 2, ingkang lajeng katampi dening Gusti, binerkahan, lan kaparingaken dhateng para murid supados dipun dum dhateng tiyang sadaya ingkang ndherek Gusti, kita sedaya ugi kadhawuhan andum berkah dhateng sok sintena, utaminipun ingkang alit, sekeng, miskin lan kesingkir. Tujuan Kongres Ekaristi supados umat sansaya tresna dhateng Sang Kristus ingkang dados Roti rejekining gesang, lan margi makaten kita lajeng sumadiya kautus andum rejekining gesang.

Sampun mataun-taun prosesi Ekaristi Sakramen Mahasuci katindakaken ing Ganjuran punika mawi tatacara kabudayan Jawi. Punika wujuding inkulturasi iman ing babagan liturgi. Inkulturasi katindakaken supados pawartaning Injil kabar kabingahan saged katampi dening kita sedaya ingkang boten saged uwal saking cirining kabudayan Jawi, adat Jawi, lan basa Jawi ingkang ngemot caraning manungsa ulah cipta, rasa lan karsa. Jatining manungsa inggih jatining cinipta ingkang katimbalan manembah dhumateng Sang Hyang Hana, sumbering cipta, rasa lan karsa.


TAFSIR KRISTIANI HANACARAKA
HANACARAKA aksara Jawa yasaning Aji Saka

HANACARAKA: Hana utusan dalem
DATASAWALA: Sembada awatak mbangun miturut, lan Dora awatak ora gelem sulaya.
PADHAJAYANYA: Kekaroné padha déné digdayané
MAGABATHANGA: Tumekèng pati dadi bathang

Hing mula buka hana Sabda. Sabda mau mijil saka Hyang Hana. Amarga Hyang Hana ngendika, kabèh waé kang dikersakaké dadi hana. Mula Hyang Hana ngendika, “Hanaa aksara, mula aksara dadi hana”. Aksara mau yasané Sang Aji Saka. Aji Saka kautus déning Hyang Hana tindak menyang donya, lan dedalem ing tengah-tengahing manungsa. Panjenengané lenggah ing Kratoning Sang Jinebadan, kang aran Kraton Majeti, kratoning katentreman amarga Hyang Hana dadi Gustining umat, lan umat dadi umat kagungan Dalem Gusti. Sajroning Kraton mau umat manungsa kaparingan wewenang hanjenengi kabèh kang sarwa cinipta déning Hyang Hana nganggo aksara yasané Aji Saka.

Aji Saka kagungan abdi, papat cacahe, kaaran: Sembada lan Dora, Duga lan Prayoga.

Tekan titi wanciné, Aji Saka kagungan kersa tindak adoh tetuwi umat manungsa ing salumahing bumi. Abdi loro, kang aran Sembada lan Dora, kajibah hanunggoni kraton, manembah pusaka aji, diparingI weling, ”Abdiku, Sembada lan Dora, jaganen pusaka aji, lan wanti-wanti aja kokwènèhaké pusaka aji mau marang sapa waé, kejaba marang sliraku, yèn aku kondur nang kratonku!” ”Sendika dhawuh, Gusti! Dhawuh dalem badhé kula èstokaken, kula jagi pusaka aji, ngantos tètèsing rah ingkang pungkasan!”

Nalika tekan titi wanciné, Aji Saka kinanthèn déning abdi loro liyané, kang aran Duga lan Prayoga, nilar Kraton Majeti, njanjah désa milang kori ing salumahing bumi. Tindaké tekan ing Nuswantara, negara kang sugih lan makmur. Ēwon cacahé nusa kang mranani ati, ing antarané segara biru, ayem tentrem, éndah nengsemaké. Ing Nuswantara ana kraton, kang aran Medhang Kamulan. Kraton mau dikuwasani déning sang Prabu, asmané Déwata Cengkar. Rakyaté padha urip tentrem, guyub rukun, padha tulung tinulung, nganti ora ana siji waé sing kekurangan kanggo nyukupi kebutuhaning urip sedina-dina. Tuwuh kang sarwa tinandur ing lemah loh jinawi, turah-turah pametuning bumi, nyukupi kebutuhaning wong sabangsa. Nanging, kabèh mau wis dadi crita zaman kuno, dadi pepéling sing mung dadi pengangen-angen waé.

Nalikané Aji Saka lan para abdine tekan ing Medhang Kamulan, sadalan-dalan ora tinemu wong siji-sijiya. Lemah kang mauné subur dadi cengkar. Ora keprungu swaraning bocah-bocah kang padha dolanan, suka gembira. Ora katon ana nom-noman jejagongan, bebungahan. Wong dhiwasa waé padha ndhelik primpen, tandané yèn pada wedi kepati-pati. Swaraning kodhok ngorèk waé ora keprungu menèh. Aji Saka lan Dora ngupaya mangertèni apa ta sing lagi kelakon ing Kraton Medhang Kamulan.

Saka pawarta werna-werna, karoncé gancaran crita ngenani Sang Prabu Dewata Cengkar. Sawijining dina Ki Juru Masak lagi masak sop kagem dhaharané Sang Prabu, drijiné tugel kekiris péso landhep. Tugelan driji mau kecemplung nang sop dhaharané Sang Prabu. Nalika Sang Prabu lagi dhahar, Ki Juru Masak katimbalan, lan Sang Prabu mundhut pirsa, ”Ki Juru Masak, énak tenan daging sop masakanmu. Hara, daging apa masakanmu iki? Ayo matura!” Geter merga wedi kepati-pati, Ki Juru Masak matur, wangsulané, ”Nun inggih, Gusti, nDara Prabu, nyuwun genging pangapunten, keparenga kawula matur blaka, daging ingkang Paduka dhahar punika tugelaning driji kawula!” Sang Prabu kejot, nanging merga daging mau énak, ngendika, ”Apik, apik, abdiku! Daging mau énak banget! Mula dakkersakaké, wiwit dina iki saben aku dhahar, sedhiyakna daging manungsa kanggo lawuh dhaharanku. Iki dhawuh, ora kena disulayani! Biwarakna marang rakyat, saben dina kudu ana sing masrahaké dagingé kanggo dhaharanku!” Wedi kepati-pati, Ki Juru Masak mundur saka ngersaning Sang Prabu. Algoju-algojuning Kraton nuhoni dhawuh mau, nyediyakaké daging manungsa kanggo dhaharaning Sang Prabu saben dina.

Nglelimbang klakon sing nggegirisi nang kraton Medhang Kamulan, Aji Saka duka yayah sinipi. Kepranan ing galih mirsani rakyat wedi kepati-pati dadi korban wengising sang Prabu Angkara Murka. Sanyatané manungsa wis dadi asu ajag tumraping liyan. Homo homini lupus! Bareng wis nglelimbang perkara-perkawa mau, mantep kersané Aji Saka marak sowan Sang Prabu. Kinanthèn déning Ki Patih, Aji Saka marak sowan Sang Prabu. Bareng tekan ana ing ngarsaning Sang Prabu, Sang Prabu bengok sora, ”Hé bocah nom-noman, sapa aranmu, apa karepmu sowan ingarsaku?” ”Nun inggih, Gusti, Sang Prabu! Nami pun abdi Aji Saka. Pun abdi saking Kraton Majeti. Pun abdi sowan marak ingarsa dalem, saperlu mratélakaken prihatosing manah, nalika pun abdi njajah dhusun milang kori ing wewengkoning kraton dalem, pun abdi raosaken, rakyat sami ajrih kesanget-sanget. Ajrih amargi dipun dadosaken dhaharan dalem! Pramila, keparengna kawula aturaken awak kula piyambak kagem dhaharan dalem!” ”Huk, huk! Huuuuuuu!” Sang Prabu bengok, mbaung, keprungu nggegirisi, mireng sedyaning Aji Saka dadi dhaharan dalem. Swara mau keprungu kaya swarané asu ajak sing lagi ngelih, ngintir-intir wetengé. ”Apik, apik, cah bagus lan bandel! Apa karepmu nyediyaké awakmu kanggo dhaharanku?” ”Pun abdi nyediyaaken awak kawula, amargi sampun ngantos rakyat ingkang boten lepat kadadosaken tumbal hawa nepsu Paduka. Kersaa dhahar awak kawula, nanging keparenga pun abdi taksih matur!” ”Matura, nggèr, cah bagus!” ”Sumangga ndhahar awak kawula, sasampunipun kawula kaparingan siti saukur jembaring iket punika!” ”Ho ho, ho ho, ho ho! Gampang kuwi, nggèr, gampang! Perkawa sepélé banget!” Sang Prabu Déwata Cengkar banjur ngendika marang para punggawa, “Hé para punggawa, rungokna ngendikaku, nom-noman iki sumadya dadi dhaharanku, sawisé dakparingi lemah sing jembaré saukur karo iketé!” “Saé punika, nDoro Prabu!” aturé para punggawa wedi kepati-pati nyetujoni iketaning prajanji antarané Aji Saka karo Sang Prabu.

Mulané, iketé Aji Saka banjur dicopot. Pucuking iket diudhari, dijèrèng neng lemah. Nanging, apa sing klakon? Pucuking iket mau ora entèk-entèk dijèrèng nang lemah. Sang Prabu kegusur minggir, wekasané tekan pesisir segara Kidul Tanah Jawa. Nalika tekan ing pinggiré segara, Sang Prabu dijengkangaké, kecegur nang segara Kidul. Lan Déwata Cengkar malih dadi Bajul Putih. Tata lairé mranani, nanging njeroné isi bebaya nggegirisi sing ngancam-ancam.

Nalika rakyat nyeksèni prastawané Sang Prabu kecegur nang segara Kidul, kabèh padha surak-surak gembira. Aji Saka diangkat lan dikepyakaké jumeneng Nataning Tanah Jawa. Kanthi wicaksana Sang Aji Saka jumeneng Nata, asih tresna. Ayem tentrem wong sabangsa nyipati ”langit anyar lan bumi anyar”.

Sawijining dina Sang Aji Saka ènget marang Sembada lan Dora, abdi loro dalem sing kejibah tetep mapan ing Kraton Majeti njaga pusaka aji, kanthi weling, ”Abdiku, Sembada lan Dora, jaganen pusaka aji, lan wanti-wanti aja kokwènèhaké pusaka aji mau marang sapa waé, kejaba marang sliraku, yèn aku kondur nang kratonku!”

Kocap kacarita, ing Kraton Majeti abdi sakloron, Sembada lan Dora, padha dene kenceng sedyaning ati nuhoni dhawuhing Sang Aji Saka. Padha dené anggoné tetep mantep atiné nuhoni kersaning Sang Aji Saka. Padha déné teguh setya marang dhawuhing Nata. Klakon kedadéyan perang batin, kepati-pati. Sembada mawa jurus-jurus unggulané ngalahaké kuwasaning kepentingan dhiri. Déné Dora mawa jurus-jurus andhalané ngalahaké kuwasaning ingkar janji. Padha déné mbangun turut lan setia nganti tètèsing getih sing pungkasan. Nganti loro-loroné mati sampyuh. Kamanungsan lawas – amarga mbangun miturut lan setya – pungkasané dadi bathang. Oboedientia sicut cadaver!

Ngantu-antu kabar bab abdi-abdine, Sembada lan Dora, sing kadhawuhan njaga pusaka aji, Aji Saka dhawuh marang Duga lan Prayoga supaya ngluru pawarta, lan nemoni Sembada lan Dora ing Kraton Majeti. Pancen ketemu, nanging loro-lorone wus padha tiwase, wus dadi bathang.

Kabar lelayuné abdi loro, Sembada lan Dora, kepireng uga déning Sang Aji Saka. Banget kepranan penggalihé. Kepranan amarga patiné pahlawan mbangun miturut lan setya tuhu nganti tekan ing pati. Patiné abdi loro mau dilanggengaké déning Sang Aji Saka ana ing aksara Jawa. Yasan dalem Aji Saka mau sejatiné uga mralambangaké jati dhiri slira pribadiné Sri Yesus Sang Aji, kang amarga mbélani bangsa, kersa dadi dhaharan kang urip, amrih kabèh bangsa dadi slamet. Penjenengané dhéwé setia tumekèng séda, séda kapantèk ing saka palang. Ana ing saka palang mau gumantung slirané Sang Aji, karana anggèné banget tresna marang donya.


Caos pakurmatan manembah dhateng Sang Kristus, kang seda ngorbanake diri, kita wujudaken mawi manembah dhumateng Sang Kristus, Ekaristi Sakramen Mahasuci. Taun 2008 Kongres Ekaristi Keuskupan I sampun kelampah, nyarengi Kongres Ekaristi Internasional Kaping 49 ing Quebeq Kanada. Kongres wau katindakaken sekawan taun sepisan. Mila ing taun 2012 dipun adani ugi Kongres Ekaristi Internasional Kaping 50. Ing Keuskupan Bandung 2012 nyarengi tanggap warsa kaping 80 badhe dipun adani Kongres Ekaristi Keuskupan I Keuskupan Bandung. Kula mireng raos-raos bilih wonten rencana ugi KAS badhe ngadani Kongres Ekaristi Keuskupan II KAS. Pundi papanipun?

Gusti Yesus sampun kersa dados roti rejeki rohani kangge kita sedaya, mangga atur panuwun kita kita pratelakaken wonten sikap sumadiya kita andum berkah kangge sedaya tumitah. Amin.

Salam sembahyang, lan Berkah Dalem,

Ganjuran, 27 Juni 2010
+ Johannes Pujasumarta

Minggu, 13 Juni 2010

Biogas

Check out this SlideShare Presentation: