Rabu, 11 Mei 2011

thole

thole

ignasius abimanyu kang sinebut,
jabang bayi kang linahir 2 Maret 2010,
mecah swasana kang tintrim,
lan dumadakan bungah surak gambira,
awit lahire jabang bayi kang den anti,
matur nuwun Gusti,
awit nugraha kamirahan Dalem,
mugi dadosa lare ingkang migunani ing tembe,
tumrap negari lan sesama.


bodeh, 11 Mei 2011

Minggu, 08 Mei 2011

biyung


Biyung

Kamis, 30 Desember 2010
RIP
puput yuswo
(RIP)

biyung ....
wus ginaris ing pepesthen
jatining ngaurip iku ana ing lahir lan pati
kapan kelakone ora ana sing ngerti
amung titahe manungso
kudu sumadyo
sawanci ditimbali
dening Sang Hyang Akaryo Gesang Jati

biyung ...
wus sawetoro suwe lawase
biyung sabar antre
daya-daya enggal sumare
amung kasunyatan ...
karepe janmo manungso
bedo karso Dalem Hyang Romo

biyung ....
saiki wus titi wanci
nampi kersaning Ilahi
kepareng marak sowan
ing Ngarso Dalem Gusti

biyung ....
atur panuwun tanpo upami
pisungsung putro putri
sungkem pangabekti
prajanji trusing ati

biyung ....
ing tengah ratri
kairing kidung pepudyan suci
kedaling lathi
nyenyuwun mring Hyang Widi
biyung kepareng mulyo ing swargo Ri

(Minggu Pon, 26 Desember 2010 : 07.15
nuju Pengetan Brayat Minulyo)


Diposkan oleh krismadhes di 06:40