Minggu, 29 Agustus 2010

sumangga ....Gusti


pasrah

sore iku nalikané,
aku tilik ibu kang wus nandhang krana yuswa,
mak tratap aku nyawang kahanané ibu,
sing sangsaya surut,
praupan sing mauné tansah sumunar,
dumadakan malih kucem,
kaya-kaya urip wis nora gumreget,
èsem lan gumuyu kaya-kaya wus ilang sirna,
dumadakan aku gumrégah,
éling marang yasan nDalem Sakramèn,
yo....Sakramèn Lengo Suci,
kang bisa mbirat bebendu lan sanggan,
uga dosa lan kalepatan mring Gusti lan pepadha,
saéngga ing sakwanci-wanci tinimbalan marak,
amrih ènthèng nggènnya sowan ing ngarsanta,
Gusti Hyang Maha Agung,
déné Gusti taksih karenan,
mugi énggal dangan punapa ingkang dèn sandhang,
sedaya kula pasrahaken,
wonten ing Ngarso Dalem Gusti,
ibu Maria ingkang dados pangungsen kula,
nyuwun pangestu Dalem,
sumangga ....sumangga dhuh Gusti.


tanubayan, 29 Agustus 2010

Selasa, 24 Agustus 2010

anakmu

anakmu

biyung ...
dhek biyen patangpuluh enem tahun kepungkur
wanci bakdo asar ora lali
ing deso gunturgeni, poncosari
biyung mrebes mili
milining banyu suci kang metu soko jroning ati
roso rasaning ati
jer basuki nglahirake jabang bayi
jabang bayine sukrismiyati

biyung ...
lingsir wengi kaprungu sworo gemrubog
sora swarane banyu segoro
biyung cingak lan ngudoroso
'e alah ... mergo cedhak pandansimo
turuku ora sekeco
sedhelo tangi mergo jabang bayi
sedhelo gelo mergo ombaking samodro'

biyung ...
saiki aku wis gedhe
duwe sesanggeman dhewe
manggon ing papan seje
anake podho luwe
duwe karep lan pepenginan dhewe-dhewe

amung panyuwunku biyung
pujo pangestu lan panjurung
mugo tansah jinangkung
dening Hyang Moho Agung
kahiring maneko kidung
pinongko atur puji panuwun agung


anggitane: dra chatarina sukrismiyati
tlatah wutah gunturgeni