Minggu, 10 April 2011

Basa Jawa iku luwes

Basa Jawa iku luwes


Basa iku sipate luwes, ngetutake obah osike masarakat sing nggunakake.


Kabeh basa ing donya bakale ngalami owah gingsir, ana upaya nglestarekake lan basa ngendi wae sewayah-wayah bakal ngalami owah-owahan.

Manawa digatekake basa jamane generasi saiki duweni sawetara bab kang beda lawan basa jaman generasi sadurunge. Beda bedane basa iku mbuktekake wus ana owah-owahan basa jroning masarakat. Nanging owah-owahan basa iku ora sakkal utawa dumadi kanthi wektu ringkes. Owah-owahan basa iku dumadi kanthi lumakuning wektu sethithik mbaka sethithik lan biyasane ora pati ketara.

Miturut Widada Hadisaputra saka Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, nganti saiki basa Jawa isih nduweni kagunan lan kalungguhan kang wigati jroning masarakat Jawa. Bab iku bisa katiti saka carane nggunakake basa Jawa kang ora amung minangka sarana omongan jroning pasrawungan kang ora resmi. Nanging uga kanggo sarana omongan resmi jroning masarakat Jawa, upamane minangka purwakaning basa jroning medhia massa, ing sekolahan tingkat SD lan uga dianggo jroning upacara-upacara adat. Saliyane iku basa Jawa uga bisa kanggo wahana ngleluri kabudayan Jawa, kaya jroning nguri-uri kasenian Jawa.

“Nyawang kasunyatan iku, basa Jawa kanthi nyata digunakake minangka purwakaning basa jroning maneka kegiyatan urip bebrayan Jawa, kayata kegiyatan dagang, sekolah, seni sastra lan uga kegiyatan sing asipat keagamaan, kayata kotbah, donga, kegiyatan pengajian lan sapiturute. Mula jroning basa Jawa uga ngandhut maneka warna lan jinis basa kang trep marang bahan pirembugane. Saliyane kuwi dhaerah sebaran basa Jawa kang banget jembare lan akehe panutur njalari basa Jawa duweni maneka warna lan jinis basa. Akibate jroning basa Jawa ditepungi maneka variasi basa kaya dialek, macem-macem basa, undha usuk lan sapanunggalane,” ujarnya, nalika medhar andharan ing UNS, sawetara wektu kapungkur.

Basa baku

Conto dialek kang ana sajrone basa Jawa yaiku dialek geografi lan dialek sosial. Dialek geografi upamane basa Jawa dialek Banyumas, dialek Jogja, Solo, Tegal lan liya-liyane. Dene macem-macem basa kang kakandhut jroning basa Jawa antarane basa kanggo omongan santai, basa resmi, basa sastra lan liya-liyane. Anane macem-macem basa iku disebabake anane kagunaan basa kang beda-beda dening masarakat Jawa. Upamane ing basa resmi, basa Jawa kang digunakake minangka basa baku jroning sawetara kegiyatan ing masarakat Jawa kang asipat resmi. Contone nalika ing pengajian, upacara ningkahan, musawarah desa lan sapiturute. Basa Jawa uga dadi basa jroning pasrawungan padinan, jagad pamulangan, medhia massa, lan luwih-luwih jroning jagad pagelaran tradhisional, kayata wayang, ludruk, kethoprak lan sajinise.

“Emane pamarentah malah nguwajibake jagad pamulangan ing Indonesia supaya nggunakake basa Indonesia minangka basa baku. Bab iku bisa nuwuhake akibat kang kurang becik marang kalungguhane basa dhaerah. Kawicaksanan pamarentah kang amung ngolehake basa Indonesia kanggo srana ngajar ing kelas, miturut psikologis wus mbentuk pamikirane para siswa manawa basa lan budaya kang kakandhut jroning basa ibu iku ora pati penting. Kepara ngilangi rasa bombonging ati marang basa ibune dhewe,” tandhese. -

Oleh : Damar Sri Prakoso

Edisi : Kamis, 07 April 2011

Tidak ada komentar: