ibu,
saiba keduwunging manah amba,
menawi èngèt sepinten agenging sih katresnaning ibu,
langkung-langkung nalikanipun ibu,
godras ludira, adusing riwé, lumebet ing prang sabil,
kanggé anglairaken jabang bayi,
kawula dasih,
dhuh ibu,
ingkang agenging sih wilasa,
kanthi ngrerepèh ing padaning ibu,
kawula nyuwun genging pangaksama,
margi kula mboten saged,
bekti ing ibu,
kula mboten saged angladosi ibu,
nalikaning ibu nandhang gerah amargi yuswa sepuh,
lan nalikaning ibu pasrah sumarah,
ing ngarsaning Hyang Allah,
kanthi sinartan nyuwun sih palimirmaninng Allah,
kinanthèn pangajab, kaapuntena sadaya dosa lan lepat,
ibu,
kawula ngrumaosi kebak ing dosa,
jer mboten saged males agenging budi ibu,
kejawi namung kepareng matur,
matur nuwun ibu,
awit genging asih dalem ibu dhateng kawula,
matur nuwun ibu,
kawula keduwung trusing manah,
kawula prajanjèng ing manah,
mboten badhé nyupekaken ibu,
amargi ibu satuhu luhuring budi,
ingkang tansah pantes kinabektèn,
ibu kawula keduwung trusing manah.
bumi ngayogyakarta,
nalika nenggani ibu gerah,
awal desember 2008.
3 komentar:
mugi2 keng ibu cepet dangan.
tepangaken, kula goenoeng.
kula nggih remen ndamel gurit. mangga mbokbilih panjenengan mboten repot, sageta mampir wonten blog kula. nuwun.
matur nuwun mas antokoe awit donganipun, namung kabeta yuswa ibu ingkang sampun kepala sanga, sedaya namung kula sumanggaaken dhateng kawicaksaning Hyang Widi.
Mas Gunung, tentu sanes wekdal, kula selakaken mampir wonten blog panjenengan. Matur nuwun awit sampun kersa pinarak ing blog kula.
Posting Komentar