Selasa, 16 September 2008

kaparingana gesang jati

kaparingana gesang jati.

atiku nlangsa nalikane,
aku meruhi kahanan sing marahi ati nggrantes,
geneya dulurku ndadak antri suk-sukan,
kanggo mburu duwit telungpuluh ewu,
apa ora ana cara liya,
kanggo priyagung sing brewu banda kadonyan,
anggone paweh marang kang lagi nandhang kesrakat,
kang tundhone nganti ngorbanake uripe,
duwit ora kecekel,
malah pati sing tinemu,
Gusti paringana kabegjan jati tumrap sedherek kawula,
ingkang nandhang miskin lan kacingkrangan,
ingkang dados korban nalikanipun sami antri,
lan ingapuntena dosanipun sedherek wau,
mbok bilih punika margi ingkang sae kanggenipun sedherek-sedherek punika,
amrih enggal pinaringan pangentheng-entheng tumrap gesangipun,
nalika gesang kagubel ing panandhang,
lan sakpunika sampun pinaringan pepadhang,
saking panjenganipun Gusti kang akarya gesang.


yogya, 160908

Senin, 08 September 2008

banyu bening.

banyu bening

beninge banyu punika,
ngelingaken dhateng esem Paduka,
ingkang saged adamel tetreming manah,

ingkang anjalari gesang punika tambah nengsemaken,
banyu bening,
toya wening,
tansah adamel weninging manah,
manah amba dados sumeleh lan pasrah,
dhumateng Gusti Pangeran Gung kang akarya gesang,

kanthi sumujud lan manembah mring Gustiku,

aku tansah bakal ngupaya banyu bening,
kanthi andon laku nepi ing sepi,
dheku-dheku lan tumungkul nyenyadhang,
ing sangareping Tyas Dalem,
marga ya kanthi laku iku kabeh bakal kelakon,

Gusti, keparenga kula ngrerepeh ing pada Dalem,

ngupados toya bening,
toya sejati toya perwita sari,
toya kacampuran rah ingkang mili saking jaja Paduka,
jaja tinumbak ngantos Paduka palastra,
kangge gesang lan keslameting umat Dalem,
matur nuwun dhuh Pangran,
awit toya bening ingkang damel weninging manah amba.


Ganjuran, Bantul,
tengah wengi ing wulan September

Selasa, 02 September 2008

geguritan (kangen)

kangen

nalika aku ngronce geguritan iki,
atiku lagi goreh merga kangen sliramu,
sing wis rong tahun ra ana kabare,
jarene sliramu pamit mung sadhela,
ning geneya,
tekan wanci iki ra ana kabare,
aku kangen sliramu,
marang praupanmu sing tansah sumringah,
esemmu sing ngundang birahi,
lan guyumu sing renyah,
beja aku sing isih isa ngendhaleni,
hawa nafsu sing nggoda ati,
ora tumiba ing laku nistha,
kang nerak angger-angger ing agama,
aku kangen sliramu,
apa sliramu ra rumangsa yen tak tunggu,
aku tetep setia marang janji suci.


Ngayogya, 3 September 2008