Senin, 26 Januari 2009

welingku

welingku.

aku mung weling,

aja dhemen berdondi,
tuwas mung ngedohké lé dha paseduluran,
lan aja seneng ngrasani liyan,
bakal ngedohaké srawung lan dadi pasulayan,
aja sok kumalungkung,
tundhone bakal ngasoraké dhiri,
lan aja gumampang,
merga bakal ngebot-eboti pikiran lan urip,
lan mènèh aja sok ngumbar janji,
sing sekirané ora bisa mbok lakoni,
iku welingku,
piweling amarga sih katresnaku,
marang sliramu,
piweling sing lahir saka ati kang resik,
bèn é uripmu gangsar lan ora kena ing panandhang,
mula aja gampang sesorah lan ngumbar swara,
sing ora pener kepara malah ora bener,
merga ajining dhiri iku dumunung ing lathi,
mung iku welingku.

bumi ngaYogyakarta, 26 Januari 2009.

2 komentar:

Anonim mengatakan...

pak Bertus, estu remen kula maca seratan panjenengan mugi - mugi sangsaya kathah kawruh jawi ingkang saged dipun dum dateng sedaya tiyang.
kula saged mangertos alamat menika saking ki demang. nuwun.

Cahyo Sumunar mengatakan...

pak Tri, namung punika igkang saged kula serat minangka kangge ngemutaken dhiri pribadi kula piyambak, sokur bage saged migunani tumrap sok sintena kemawon.
Tentu kanthi panyuwunan ugi, mugi-mugi sageda dados " saluran berkat" kagem sesamaning agesangn.

Nuwun, berkah Dalem.