Selasa, 24 Februari 2009

mendhung peteng

mendhungé peteng,
blèdhèk nyamber gawé miris,
bocah cilik sedhakep ana pojok pawon,
sajak nggigil kadhemen,
awaké ndhredheg gemeter,
lé, sabar ya lé sedhela manèh,
rak wis mateng,
simbok lagi olah-olah,
mendhungé peteng ndhedhet,
bocah cilik kethap kethip marga luwé,
wiwit esuk durung kelebon upa,
potrèt warga miskin sing uripé,
tansah njagakake wetuning kringet,
buruh apa waé singn butuh tenagané,
le wis mateng,
ayo gèk ndang maem,
gumregah bocah cilik,
lho....mbok,
saiki mangan sega aking menèh ta?
simbok mbrebes mili tan bisa kumecap,
senadyan sega aking,
bocah cilik mau sajak gembul,
merga kegawa weteng luwé,
mendhung peteng ndhedhet,
kaya petenging urip brayat mau,
lan brayat-brayat liyané,
sing kesrakat lan kebaking panandhang,
penuh ing kasangsaraning urip.


yogya, 25 -02-09
nalika udan nggrejih.

Tidak ada komentar: