Minggu, 01 Maret 2009

garukan

garukan,

ésuk iku nalikané grimis,
aku lagi nata dagangan nèng pinggir ndalan,
pedagang kaki lima sebutané,
gawéan biasané,
krana iku aku bisa nyukupi urip,
uriping keluarga,
lan kanggo tuku buku sing sangsaya larang,
lagi baé arep nyulet udud,
dumadakan,
ana swara rebut-ribut,
garukan......garukan,
wong-wong padha ngukuti dagangané dhéwé-dhéwé
aku ra nyana,
ra ngira,
merga rumangsaku,
saben ndina aku wis dijaluki sapon,
limang ewu répés sedina,
aku ra nggraita,
yèn awan iku ana oprasi pol pé pé,
garukan bakul èmpèran,
dagangan di obrak-abrik,
banjur diangkut,
jarené awan iku arep ana kunjungan pejabat,
mula dalanan kudu resik,
jarené manèh
bakul èmpèran kuwi ngregedi pemandhangan,
aku agé-agé ngringkesi barang dagangan,
nanging ora keconggah,
merga kalah cepet karo petugas,
sing racaké isih nom lan trengginas,
aku disèrèt diunggahaké trek,
aku ora suwala,
apa ya kaya ngnéné iki nasibé wong cilik,
sing ora daya lan ora duwé kuasa,
aku mung bisa ndonga,
Gusti paringa sih wilasa,
lan ugi pangapura,
dhateng tetiyang punika,
ingkang degsiya dhateng kawula tiyang papa,
kaapuntena,
amargi tetiyang punika,
mboten mangertosi punapa ingkang katindakaken,
kejawi hamung,
netepi dhawuhipun pangagengipun.

Yogya, 02-03-09,
bubar nonton tv nyiarke garukan.

Tidak ada komentar: