Senin, 06 September 2010

dangan



sepira bungahé ati iki,
bareng nemoni kahanan kang ngédab-édabi,
njola rasané kagawa bungahing ati,

ibu kang némbé nandhang gerah,
lan wus pasrah sumarah,
marang Gusti kang maha mirah,

pasrah menawi kersa Dalem Gusti,
nimbali gya marak sowan di,
nalikané Sakramen minyak suci yasan Dalem Gusti,

katamakaken dhateng badan lan jiwa,
dumadakan ibu nuli saras raganya,
kados wingi sakdèrèngnya,

kawula ngaturaken panuwun,
awit kamirahan Dalem ingkang linangkung,
dhuh Gusti ingkang Maha Agung,

ibu Maria ibu Dalem,
pranyata Gusti taksih ngersakaken,
ibu saras amrih sageda ngabdi,
kanthi hamomong putra wayah,

nadyan badan mboten kuwawi nganggi,
nanging kersa Dalem kedah kalampahan,
tumrap ibu abdining Allah.


Tanubayan,3 September 2010

Tidak ada komentar: